Karya Priyoko
SLIRAMU PANCEN AYU TENAN
Kalane udan gumanti srengenge uga waratane bledug dalan tekan pangkonan aku semendhe ing pok garing kekancan karo rontoge godhong jambu pojok plataran lan alume kekembangan kang seje biyene kala udan ngreceh saben wengi.
Yen wus ngene iki ajeg panyawang nembus punthuk kidul ngenam lelakon lawas nalika tangan iki rada nakal nyiwel alus pipimu kang kanggoku sajak tansah ngece dhuh jeng uga obahe rambutmu kaelus angin sore kalane mudhun saka gunung.
Jeng klepere kupu-kupu saba ing taman sari kae kekanthen slendhang widadarimu kang pindha titi laras ngobahake pangrasaku uga maburake panyawang adoh tekan pojok-pojok tawang uga lelangen ing segere kali mburi.
Sliramu pancen ayu tenan jeng.

Komentar
Posting Komentar